Soal lan jawaban latihan Bahasa Jawa (UH,UAS lan liyan-liyane) kelas 11 - Edukasi Millenial

Soal lan jawaban latihan Bahasa Jawa (UH,UAS lan liyan-liyane) kelas 11

Soal-soal latihan UH,UAS lan liyan-liyane Bahasa Jawa kelas 11


Ing ngisor iki contoh soal-soal uh lan uas Bahasa Jawa kang wis kulo lakoni lan maksud kulo nulis soal iki bisa gawe rencang-rencang pasinaon.

Soal-soal latihan  Bahasa Jawa UH,UAS lan liyan-liyane kelas 11 lan jawabane
Ayo Sinau Basa Jawa

1. Struktur teks kang nduweni bageyan penting sajrone teks warta. Sajrone ngandharake bageyan isi utawa topik, saben teks diwiwiti irah-irahan kanggo narik kawigaten pamaca. Struktur teks pawarta kasebut diarani . . ..
       A. irah-irahan
       B. pambuka
       C. isi
       D. teras/lead
       E. panutup

2. “Ibu mbukakake anake lawang amarga wedi” polaning ukara mau yaiku . . ..
       A. JWL
       B. JWLP
       C. JWLPK
       D. JWLK
       E. JWPK

3. Wayang minangka budaya ing Jawa kang adiluhung, tegese wayang yaiku . . ..
       A. wayang menika pagelaran ngganggo boneka kang katon endah.
       B. gegambaran lumakune urip manungsa ing bebrayan kang kebak pitutur lan piwulang kang adiluhung.
       C. wayang menika karya sastra kang tinulis kanthi wujud cerkak, dhasare crita saka crita ramayana lan mahabarata.
       D. wayang mujudake gegambaran lakon kang manut marang prentah dhalang.
       E. perangan saka kabudayaan jawa kang urip lan diuri-uri dening bebrayan jawa.


4. Tetembungan utawa unen-unen kang memper cangkriman, nanging batangane wis dikandhakake, mung anggone ngandhakake ora kabeh, mung sabageyan antarane sawanda utawa luwih, diarani . . ..
       A. wangsalan
       B. parikan
       C. unen-unen
       D. cangkriman
       E. paribasan

5. Bapak pucung, dudu watu dudu gunung. Sangkamu ing plembang, ngon ingone sang Bupati. Yen lumampah, si pucung lambeyan grana. Wangsalan tembang bapak pucung mau diarani . . ..
       A. manuk
       B. gajah
       C. gunung
       D. klenthing
       E. jaran


6. Tembang kang lumrahe kanggo nggambarake rasa seneng, katresnan, lan kawiksanan. Tegese gegandhengan tangan lan bisa uga ateges jeneng sawijining kembang. Paraga kang digambarake kanggone wong wadon. Andharan mau nudhuhake jinise tembang . . ..
       A. Mijil
       B. Maskumambang
       C. Asmaradana
       D. Kinanthi
       E. Dhandhanggula

7. Saiki ing layar televisi kerep ditayangkan acara stand-up comedy ‘dhagelan ngadeg’, yaiku acara lawak kang . . ..
       A. pamaragan ngayahi kewajiban ing panggung kanthi ngadeg dheweke tanpa kanca.
       B. pamaragane ngayahi kewajiban ing panggung kanthi ngadeg karo group lan kanca.
       C. pamaragan dhagelan utawa pelawak muncul ing panggung kanthi improvisasi.
       D. pamaragan dhagelan utawa pelawak muncul ing panggung kanthi ngapalake naskah.
       E. pamaragan ngayahi kewajiban ing panggung kanthi ngadeg lanngapalake naskah.

8. Panganggone salah sawijiing tembung yaiku digunakake dening wong kang sadrajad  utawa padha pangkate, kang padha ajen-ingajeni banget, digunakake dening wong kang sing luwih dhuwur drajade. Panganggone tembung ngandharake tembung . . ..
       A. Ngoko lugu
       B. Ngoko alus
       C. Krama Inggil
       D. Krama lugu
       E. Krama lan Ngoko

9. Mak Gi wong wadon sing wis panglong kuwi ngenteni anak-anake kanthi sabar sinambi lempit-lempit sandhangan kang mentas dipulung saka mmemehan. ing pojoke gubug ana celengan saka kendhi sing swasane iki dadi gandhulane ati. yen celelngan iku kang bisa aweh panjurung uripe lan anak-anake. tangane kang wis kisut dipangan wektu kanthi kebak rasa welas asih wis rampung nyawisake mangan kanggo anak-anake. Bocah kang jumlae papat kang racak umur-umure kuwi olehe ngopeni ngungkuli jabang bayi sing diprejelne dhewe. Mak Gi pancen uripe tanpa bandha, nanging katresnane kang tulus bisa kanggo nggedhekake bocah-bocah senadyan kudu medhot sekolah.
Pethikan mau, ngandharake struktur cerkak bageyan . . ..
      A. Orientasi
      B. Komplikasi
      C. Resolusi
      D. Coda
      E. Reorientasi

10. Upacara tingkeban kang ditindakake masyarakat Jawa, saben mbobot telu utawa lima, lan pitu. Ubarampe jajanan kang umum digunakake, yaiku bubur procotlan rujak. Jajanan bubur procot nduweni teges . . ..
      A. nyuwun samangsa dumugi lekipun lare, lahira kanthi gampang, mrocot kados kajong-konhaken, lan ari-ari enggala sumrinthil nututi.
      B. kasembadan panuwunipun manungsa dening gusti ingkang murbeng dumadi.
      C. pralambang sekar telon, kangge ngepyur-epyuri tiyang ingkang ngandheg.
      D. simbol kangge ngraketaken biyung lan calon jabang bayi.
      E. nyuwun samangsa dumugi lekipun, supaya jabang bayi lahiran kanthi slamet.

11. Teks anekdot digunakake dening masyarakat, minangka sarana kanggo . . ..
      A. Nyemoni layanan utawa kebijakan publik ing bidang kesenian, budaya, lan hiburan.
      B. Nyemoni, layanan utawa kebijakan publik ing bidang politik, sosial, lan lingkungan.
      C. Nyemoni layanan utawa kebijakan publik ing bidang ilmu pengetahuan lan teknologi.
      D. Nyemoni layanan utawa kebijakan publik ing bidang ilmu pengetahuan lan teknologi.
      E. Nyemoni layanan utawa kebijakan publik ing bidang ekonomi, agama, lan kepercayaan.

12. Klapa cengkir gendhing kanthi gambar paraga wayang Arjuna utawa Kamajaya sajrone ubarambe upacara siraman tingkepan, tegese . . ..
      A. nduweni watak angkara murka.
      B. nduweni watak gagah prakarsa.
      C. nduweni watak kesatriya lan bagus pasuryane.
      D. nduweni watak kasatriya
      E. nduweni pasuryan kang bagus

13. Minangka asil cipta sastra, teks sandhiwara nduweni mupangat tumrap bebrayan. mupangan kang ngandharake ngenani wewarah bab seni utawa kaendahan kang bisa ditiru dening panyemak, yaiku mupangat . . ..
      A. Praktis
      B. Etis
      C. Kultural
      D. Artistik
      E. Hedonik

12. Titi cara ing ngisor iki kang ora kalebu titikane nulis artikel argumentasi, yaiku . . ..
      A. ngembangake karangan kanthi nuduhake fakta lan dhata kanggo ngyakinake wong liya sabanjure gelem nindakake kaya apa sing dandharake panulis
      B. nemtokake tema
      C. nemtokake tujuwan
      D. ngembangake karangan kanthi nuduhake dhata lan fakta kanggo nguwatake panemune dhewe sarta kanggo ngasorake panemune wong liya
      E. nggawe dudutan (kesimpulan)

13. Kajaba niti struktur genetik, pamacane teks crita wayang bisa kelaksanan lumantar tintingan struktur naratif, yaiku . . ..
      A. gambaran ngenani crita wayang mau, piwulang moral kang dijlentrehake sajrone pacelathon para paragane.
      B. gambaran ngenani para paragane crita wayang, wewatakan, lumakuning crita kang ngandut saperangan kausitas, kelire crita, lan pesen kautaman jroning crita.
      C. gambaran ngenani para paragane kang bisa idadekake tuladha para siswa saben dinane.
      D. gambaran ngenani para paragane, basa kang digunakake sajroning teks crita, carane nyinau basa, lan sapanunggale.
      E. gambaran ngenani crita wayang mau, kang laras karo kahanan jaman saiki kang bisa dadi piwulang praktis kanggo para siswa.

14. Kocap kacarita, praja Ngamarta minangka punjere negarane para Pandhawa dumadakan konclang kaya keterak dahuru. Wis ana pirang-pirang wektu, Negara Amarta kena pageblug, katekan lelara nggegiris. Akeh para nayakane praja, sentana, dalah kawula kang nandhang cintraka. Kahanan mau kawiwitan saka murcane kabeh piyandele kadang Pandawa, arupa sawernaning sanjata sekti. Para kadang Kurawa saka Ngastina, babar pisan ora nduwe krenteg menehi pambiyantu marang para Pandawa. Teges saka tembung kang kacethak miring yaiku . . ..
      A. paprangan lan pusaka
      B. ilange lan pusaka sekti
      C. musibah lan ilange
      D. ilange lan kadigdayan
      E. kadigdayan lan pusaka

15. “Hawus weruh towin yen walulang inukir molah kangucap.” Tegese diarani. . ..
      A. sejatine mono, kabeh mau mung dhapur wewayangan, sulapan kawula.
      B. ana wong kangnonton wayang, lha kok nangis, sedhih, ora karu-karuwan rasane atine.
      C. kamangka dheweke wis weruh, yen kang mobah mosik lan cecaturan mau mung dhapur kulit kang sinungging.
      D. mangkono mau wong-wong kang banget kaiket pancandriyane, padha ndlongop, nganti ora ngerti apa-apa.
      E. sejatine wong urip kuwi kudu gelem nggoleki, ngugemi, lan ngamalake pangaji-aji adiluhung.


Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "Soal lan jawaban latihan Bahasa Jawa (UH,UAS lan liyan-liyane) kelas 11"

Post a Comment